Tuesday, 25 December 2012

Teks Drama Ramayana



ANGGADA MBALELA
Part 1
Sawise Rahwana mati, Negara Ngalengka dadi komplang, Mula saka iku Prabu Rama lan Raden Wibisana ngrembug sapa sing dadi raja penggatine Dasamuka ing Ngalengka.
Prabu Rama          : “Akeh banget pangudimu karo aku. Mula saka iku, piye menawa kowe dadi raja ing Ngalengka?”
Wibisana                : “Punten kangmas,sanyatane kula mboten pantes lan gadhah hak dados raja ing Ngalengka. Miturut kula, ingkang berhak dados raja ing Ngalengka yaiku putranipun Prabu Dasamuka.”
Prabu Rama          :“Ana to sing isih urip? Banjur putrane Dasamuka iku jenenge sapa?”
Wibisana                :”wonten Prabu,inggih menika Dasawilukrama. Piyambakipun sakmenik wonten ing Ngalengka amargi piyambakipun taksih diopeni kaleh putri kula,Dewi Trijatha.”
Prabu Rama          :” Ya wis, tulung undangke Dasawilukrama!”
Wibisana                :”Inggih, Prabu. “
-------------
Wibisana                :” Abdi dalem, tulung undanngke  Dasawilukrama menawa dheweke diundhang karo Prabu Rama.”
Abdi Dalem           :”Sendhika dhawuh,Raden.”
-------------
Abdi Dalem           :”Nyuwun sewu,Raden Dasawilukrama. Panjenengan diundhang kaleh Raden Wibisana supados ngadep Prabu Rama.”
Dasawilukrama    :”ya”
------------
Dasawilukrama    :“ Sembah bekti,Prabu Rama. Nuwun sewu, wonten punapa,nggih?”
Prabu Rama          :“Ngene lo, Dasawilukrama. Amarga kowe trahinng ngaluhur Ngalengka , dadi kowe arep aku winisudha ing wektu cedhak iki dadi Pangeran Pati Ngalengkadiraja lan Raja binathara ing Ngalengka.”
Dasawilukrama    :”Sinuwun. Punapa mboten Prabu Wibisana mawon?”
Prabu Rama          :”Iku wis dadi kesepakatane aku karo Prabu Wibisana. Yowes ngono wae, saiki kowe enthuk bali ning kesatriyanmu,Regulobang.”
Dasawilukrama    :”Maturnuwun,Parabu.”

Part 2
Jaya Anggada ora setuju menawa Dasawilukrama dadi Raja Ngalengka, Banjur ngendika karo Rama. Nanging Rama tetep ora goyah karo pendadiane. Tanpa diryana Anggada lunga tanpa pamit.
 (Anggada)
Anggada                 :”Sembah bekti,Prabu. Kula mboten setuju menawi Dasawilukrama dados raja ing Ngalengka. Nyuwun pangapunten. Sesampunipun wadya wanara perang tenanan kaleh Dasamuka. Malah sak niki tahtanipun diparingke kaleh keturunanipun Dasamuka. Napa kita saged jamin menawi Dasawilukrama mboten sami kaliyan Dasamuka?”
Rama                       :”Ora usah prasangka elek dhisik. Iki wis kesepakatan. Ora bisa diothak – athik maneh.”
(Anggada lunga)
Rama                       :”Tulung Anggada digolekki lan dipituturi menawa dheweke ora usah nganthi suwe ing masalah iki. “
Sugriwa                   :”Nyuwun pangapunten kaleh kelakuane ponakan kula,Prabu. Mboten sah dipenggalih ing manah. Anoman sampun ngawasi Anggada. “
Prabu Rama          :”inggih , Paman Sugriwa.”
------------------
(Anoman)
Anoman                 :”wes to,Anggada. Ora usah nesu suwe – suwe, raimu tambah elek. Napa diperke nganthi kentheng- kentheng iku kan wes dadi keputusane Prabu Rama.”
Anngada                 :”Aku tetep ora rela menawa Dasawilukrama dadi Raja Ngalengka. Menawa tetep kaya mengkono. Aku ora gelem gabung maneh karo Prabu Rama.”
Anoman                 :”Aja ngono Anggada”
Anggada              :”Yen tetep meksa ayo saiki prang tandhing. Menawa aku kalah aku tetep melu Prabu Rama.Lan sakwalikane.”
Anoman                 :”ayo,aku ora wedi.”

Part 3.
Sawise Anggada kalah karo Anoman. Dheweke lunga menyang Gunung kangurungan (kuburane Rahwana). Lungane Anggada ditututi karo Lesmana. Kanthi ngumpet, Anggada deleng apa sing dilakokake dening Dasawiilukrama. Ing,wektu iku, Dasawilukrama dikancani karo Ki Lurah Trogog lan mbilung.
Adegan                : Dasawilukrama meneng ing ngarepe kuburane Dasawilukrama.
Cling…
(Dasamuka)
Dasamuka              :”Putraku Dasawilukrama, apik tenan kowe teka ning kene. Tampana keris Kyai Pecat Nyitma iki kanggo wales dendam(mateni) Prabu Rama!”
Dasawilukrama    :”Matur nuwun, Ramanda Prabu. Hamba janji saged matini Rama.”
Dasamuka              :”Tapi ileng,menawa kowe ora isa kowe dhewe sing tak pateni.”
Dasawilukrama    :”Inggih matur nuwun. Kula wangsul rumiyin.”

Part 4
Ing wektu sing padha, Patih Pulontani kaliyan putrane Indrajit(Raden Beganasur lan Raden Kuntalabahu) ngadakake pertemuan ing kesatriyan Bikukungpura.
(Pulontani)
Patih Pulontani    :”Miturut eyang, sawise Negara Ngalengka bedhah, mula saka iku sakapike kesatriyan Bikukunpura dadi kuat.Apa maneh, wadya raseksa isih setya karo dhewe.”
Beganasura           :” betul,eyang. Aku lan Kuntalabahu isih nyimpen dendam karo Prabu Rama lan Raden Lesmana. Kita arep bales gugure Ramanda Indrajit lan Eyang Prabu Dasamuka.”
(Beganasura)
Pulontani               :”Apik tenan rencanamu iku. Sapa dhisik sing ngajari nek ora Patontani … Sak iki kowe Beganasura tak nobatke dadi Raja Bikukungpura  lan Kuntalabahu dadi Patih Bikukungpura. Saiki ngenteni wektu sing apek kanggo nggempur Ngalengka.”

Part 5
Jaya Anggada ngumpet ing kamare Prabu Rama kanggo njaga keslamatane Prabu Rama. Ing wektu iku, Prabu Rama isiih sare ing kamare. Ora let suwe, Raden Dasawilukrama mlebu kanthi gawa keris Kyai Pecat Nyitma lan mlakune alon- alon . Kanthi tanggap Jaya Anggada nyrobot kerise Dasawilukrama.
Dasawilukrama :”Maling..Maling”
Adegan : Jaya Anggada lan Dasawilukrama katangkep dening Anoman. Ki Lurah Trogog lan mbilung mlayu nanging bisa katangkep dening Ki Lurah Petruk lan  Bagong)

Rama                :”ana apa to iki?kok ribut – ribut?wahai Dasawilukrama lan jaya Anggada!coba critakna   kadadean iki!aja padha ngapusi.”
Dasawilukrama :”Walah – wealah punapa ,Gusti. Hamba sing wes bisa nangkep Jaya Anggada sing arep mateni Paduka. Hamba sing wes bisa nangkep Jaya Anggada arep mrawasa Paduka karo keris sing ana ing tangane.”
Anggada           :”Ngapusi! Dudu aku sing nglakokake, Sinuwun! Tapi dheweke sing arep mateni Paduka nalika paduka taksih sare.. Hamba naming ngrebut keris kyai Pecat nyitma saka tangane . Raden Dasawilukrama lajeng mbengok lan nuduh kula sing badhe mateni Paduka.
 (Punakawan)

Petruk             :”Sinuwun,Prabu!Menawi mekaten, cobi Paduka ngendhika kaleh Ki Lurah Trogog lan mbilung mawon.”
Rama               :”Hai Trogog!tulung coba critakna kadadean sing asline kepriye, sapa sing arep jahat marang aku?”
Ki Lurah Trogog :”Leres, Gusti. Raden Dasawilukrama sing badhe mejahi Paduka.”
Mbilung               :”Nggih leres,Gusti. Dasawilukrama.”
Dasawilukrama :”Sinuwun,mboten gampil percaya kemawon kaleh abdi dalem . Sanyatane, keris kyai Pecat Nyitma kabukten wonten ing astane Jaya Anggada. Kok panjenenngan nuduh kua?”
Rama                    :”Waduh..saya dadi ora karuan ngene. Wibisana, kepriye iki miturutmu?”
Wibisana             :”Ngeten mawon,Prabu. Kita nganakaken prang tandhing. Sinten sing menang iku sing bener lan sing kalah iku sing salah.”
Rama                    :”Yo wes ngono bae. Dasawilukrama lan Anggada ,kowe mau wes padha krungu ngendhikane Raden Wibisana tho. Saiki prang tandhinge diwiwiti….

Part 6
Nalika Anggada lan Dasawilukrama prang tandhing, Kumara Gondhayitma nyusup ing awake Anggada. Kumara Gondhayitma ngrasa murka karo putrane,Dasawilukrama. Amarga Dasawilukrama ora bisa nusuk awake Rama. Mula saka iku, Anggada maleh dadi bringas. Banjur mateni Dasawilukrama kanthi nyokot gulune nganthi tugel. Sawise iku, Anggada nyerang Rama. Anoman kanthi tanggap mencolot nrajang Anggada Amarga wedi, Kumara Gondhayitma ocat saka awake Anggada.

Part 7
Sawise prang tandhing, wadya raseksa lan Prabu Beganasura teka kanthi niat wales dendam. Nanging Maruti nyiptaake angin lesus saka kekuatan banyu nrajang barisane raseksa ,Pulontani,lan kuntalabahu bali ing kesatriyane Bikukungpura.

1 comment: