Wednesday, 26 December 2012

Sinta Obong




Part 8
Sawise Dasawilukrama sedha, Raden Wibisana dinobatke dadi Raja Binathara Ngalegka.
Rama                 :”Wibisana, saiki trimana tahta Ngalengka iki kanthi sukarela . Sapa maneh sing arep nerusake trah ngaluhur ngalengka nek ora panjenengan.”
Wibisana            :”Inggih,Prabu. Kula sedia dinobatke dados Raja ing Ngalengka.”
Rama                 :”Ing kalodhangan iki,aku arep menehi wejangan sing ana manfaate kanggo panjenengan.”
Wibisana            :”Inggih,kula siap mirengaken wejangan saking Prabu.”                                        
Rama                 :”Saiki wes wektune Wibisana duweni ilmu Hastabrata / ngelmune raja yaiku nuladhani 8 anasir alam : bumi, banyu, geni, angin, surya, candra, kartika, lan segara. Wejangan iki uga wejangan sing diwenehi karo Prabu Barata nalika aku diankat dadi raja ing Ayodya.”
Wibisana           :”Kaparenga Prabu saged njlentrehake ngelmu hastabrata iku?”
Rama                :”Ya dirungokna!
1)      Bumi : kanthi duweni sipat sugih lan seneng menehi, rela, legawa, narima lan anoraga.
2)      Lintang utawa kartika : duweni sipat nyangkut karsane wong, kita kudu duweni cita – cita sing dhuwur.
3)      Srengenge utawa Surya : duweni sifat alon – alon maton kelakon amarga nglakokake urip iki ora ngerti bakal dadi kepriye. Lan dhewe kudu menehi panerangan tumprap makhluk ing donya iki.
4)      Rembulan utawa Candra : maknane duwe ati sing resik lan suci uga kudu tawakkal marang Allah.
5)      Angin :maknane seneng neliti lan cepet tanggap. Sarta dadi pangayom kanggo manungsa liyane.
6)      Mendhung : kabeh manungsa duweni hak urip tentrem lan duwe kabahagiaan sing abadi.
7)      Banyu : maknane ngisyaratke wicara manungsa diarahke sing becik.
8)      Geni : maknane menehi hukuman kanthi padhang bulu tumprap sapa bae sing salah.
Wibisana           : Matur nuwun wejangan lan maturnuwun saged ngrewangi basmi Prabu Dasamuka.”
Rama                :” Ya,padha – padha.”
------------------
                                                              (Lesmana)
Lesmana          :”Dhuh,Kanda Rama, apa ora luwih becik kakangmas cepet ketemu karo mbakyu Sinta?”
Prabu Rama     :”Oya,Sintaku.. He’eh ya. Bener kandhamu Lesmana. Bojoku dhewe nganthi lali.”
Prabu Rama     :”Anoman, tulung kowe undhangke Sinta ing taman Soka. Aku arep mboyong Sinta bali  menyang Ayodya.”
Anoman           :”Inggih.”

(Rama lan Sinta)

Part 9
Rama ora percaya menawa Sinta isih suci. Kanggo mbutekake menawa dheweke isih suci marang Rama kanthi ngobong awake.
Prabu Rama     :”sek sedhelok,piye aku bisa percaya menawa kowe isih suci lan setia marang aku?”
Sinta                :”Duh,kanda! Aku isih setia marang kangmas. Sungguh,aku ora nglakokake iku. Menawa kangmas tetep ora percaya, tulung siapake patumangan. Menawa aku kebakar,aku wes ora suci maneh lan sawalike.”
Prabu Rama    :”Y owes, menawa iku sing kok karepke.  Tak siapake patumangane.”
Wibisana         :”Dhuh,Kangmas, Nganthi semono mbakyu Sinta mbutekake kesuciane. Napa kanda Rama tetep ora percaya? Mbakyu Sinta ninng taman Soka dikancani karo Dewi Trijata.”
Lesmana         :”Iya,bener. Punapa kanda Rama mboten maringi pangapunten kemawon marang Sinta.?”
Prabu Rama    :”Ora ngono Wibisana lan Lesmana. Iku wesdadi panjalukane Sinta dhewe.”

*) Adegan           : Sinta mbakar awake dhewe.
                        Sawise iku,Sinta metu saka geni digandheng karo Bathara Narada lan Brahma.
Wong”sing deleng : “Hey..hay..ye..ye!!Sinta slamet!!!”
Bathara Narada    :”Saiki kowe wes nyaksike dhewe menawa Sinta isih suci lan tetep tresna marang kowe. Trimana Dewi Sinta mbalik dadi garwamu maneh.”
Prabu Rama       :”Inggih, Bathara Narada,”
(Batara Brahma)
Bathara Brahma :”Prabu Rama mersani piyambak punapa genine mboten saged mbakar Sinta? Amarga genine mau tundhuk karo Sinta,supados mboten mbakar Dewi Sinta. Iki buktikake piyambakipun tasih tenanan tresna lan suci maranng Prabu.”
Prabu Rama      :”Inggih ,Bathara Brahma”
Bathara Brahma lan Narada         :” Saiki kita nyuwun pamit mbalik menyang kayangan lan Dewi Sinta tak balikke marang Prabu.”
Prabu Rama       :”Inggih,Bathara Brahma lan Narada. Matur nuwun.”

Part 10
Dewi Trijata madosi Lesmana. Piyambakipun seneng marang Lesmana. Nanging Lesmana ora ana ing istana. Kapi Jembawan sing wis malih dadi Lesmana teka. Amarga Lesmana duwe mimpi sing nandakake arep ana cobaan,piyambakipun lajeng menyang Singgelapura karo punakawan.
Dewi Trijatha     :”Dhuh,,,ning ngendhi tho Kanda Lesmana sayangku.ummuah.. ummuah..digoleki saka mau ora ketemu- temu. Aja – aja ngilang . Yaw is lah,aku nututi Dewi Sinta marang istana bae.
Ing alas Grestina…
(Kapi Jembawan tapa)
Bathara Narada      :"heh Kapi Jembawan!Wis – wis percuma bae kowe tapa suwe – suwe mbuang   wektu. Kepengenmu maleh dadi manungsa. Ya ora bisalah, iku wis suratan takdir. Tapi  tenang bae keturunanmu bisa dadi manungsa sing duweni satriya utama.”
Kapi Jembawan     :”loh kok mekaten?Ya mboten napa – napa menawi dados mekaten. Trus,kepripun carane bisa gadhah keturunan manungsa sing duweni satriya utama?
 (Batara Narada)

Bathara Narada :”Ya kowe nikah karo putri raja.”
Kapi Jembawan :”Raiku wae kethek Kepripun putrid raja saged kepincut kaleh kula?”
Bathara Narada :”Woles…tenang bae. Kowe tak dandani supaya dadi Raden Lesmana. Cling.. wes saiki mngkata marang Singgelapura. Dewi Trijatha wes ngenteni saka mau.”
Ing Singgelapura...
                                                                  (Dewi Trijatha)
Dewi Trijatha     :”La iku Raden Lesmana.Kowe marang ning ngendhi to Kang Lesmana?”
Lesmana           :”Aku mau metu sedela. Ana apa tha? Dhimas Trijataha ? Sekedhap, kula miring Dhimas Trijatha gerah punapa? Menawa kula saged ngobati Dewi.
Dewi Trijatha    :”Sebenere..kula sakit branta(sakit kasmaran).Amarga saka iku,Raden bisa ngobati rasa rinduku marang raden.”
Kapi jembawan :”Yen mekaten inggih sami kula nggih kanngen kaleh Dewi”
Abdi Dalem       ;”weleh…weleh..Raden Lesmana karo Dewi Trijatha mesramen ..Wah mesti tak kandake marang Prabu Wibisana.”
----------------
Abdi Dalem          :” Punten,Prabu. Raden Lesmana sak niki tasih langen asmara kaleh Dewi Trijatha.”
Wibisana              :”Tenan?kowe ora ngapusi?Mosok Raden Lesmana kaya ngono?”
Abdi Dalem         :”Inggih Prabu. Kula mirsani piyambak. “
Lesmana              :”nyuwun sewu,Prabu.”
Wibisana              :”Lah…iki Raden Lesmana.”
Lesmana              :”Loh ,kok ana sing padha karo aku?Heh,kisanak,kowe wis kurang ngajar wani nyamar dadi aku lan bojo karo Dewi Trijatha.”
Dewi Trijatha       :”Loh,kok ana loro?sing asli sing ngendhi”
Kapi Jembawan   :”Wis ora usah ngurusi urusane wong liya,Raden!iku ora apik.Mendhing kita padha rukun.”
Lesmana              :”Piye meh rukun?la kowe madani rupaku.”
Kapi Jembawan   :”Ya weslah,aku ngaku . Aku iki Kapi Jembawan.”
Sugriwa                :”hah?!Kapi Jembawan!kowe ngerti ora yen kowewes gawe isin aku bae,. Kowe uga ngerti yen Raden Lesmana adikne Prabu Rama.?Apa kowe ora nyadar derajatmu iki mung dadi abdi dalempengen enthuk Dewi Trijatha sing ayu,putrid Raja. Ya ora bisalah,,. Kowe mung mimpi nganggo dlongop.”
Kapi Jembawan    :” Ampun ,Raden. Kula nyuwun samodra pangaksami .”
Sugriwa                :”Amarga kowe wes lancang. Kowe kudu dihukum mati .Ayo..”
(Sugriwa)

Bathara Narada teka..
Bathara Narada :”tulung padha ngerti menawa KapiJembawan ora salah lan ngerti uga menawa Dewi
Trijatha jodone karo Kapi Jembawan.”
Sugriwa            :”ampun.. Bathara. Kula mboten ngertos menawi ingkang mrentah Kapi Jemawan yaiku Bathara piyambak.”

Bathara Narada :”Yo,ora apa – apa. Tulung njalukke pangestu marang Prabu Rama lan Wibisana. Aku pamit bali.”
----------------
Sugriwa           :”Sinuwun,Prabu. Ingkang nyamar dados Raden Lesmana iku Kapi Jembawan, abdi dalem kula. Meh wae kula hokum Kapi Jembawan amargi lancangipun, nanging Bathara Narada rawuh njelasaken menawi Dewi Trijatha sejodo kaleh Kapi Jembawan. Kula nyuwun pangastu kagem Kapi Jembawan.”
Prabu Rama       :”Nggih, Narpati Sugriwa.Kapi Jembawan lan Dewi Trijatha, amarga Bathara Narada wis menehi pangestu .Aku uga menehi pangestu. Muga – muga panjenengan lan Dewi Trijatha saged gadhah keturunan sing duwe kesatriyan utama."
                                               (Kapi Jembawan)

Prabu Wibisana :” inggih ,aku uga menehi idi pangestu.”
Kapi Jembawan “ Inggih,matur nuwun sanget ,Gusti.”
Prabu Rama       :”Iya Kapi Jembawan, aku uga menehi idi pangestu lan bumi perdikan ing wana Gadamana. Alas iki kanggo pasenggrahan kowe mengko. Muga ana manfaate dening kowe lan anak keturunanmu.”
Kapi Jembawan :”Matur nuwun sanget,Prabu Rama."
Part 11
Kapi Jembawan lan Dewi Trijatha menyang wana Godamana karo wadya wanara. Ing sawetara iku, Prabu
Bathara lan Raden Satrugna teka kanggo methuk Prabu Rama lan Sinta menyang Ayodya.

Prabu Bathara   :”Prabu Rama,sawisipun Prabu Rama prang tandhing nglawan Prabu Dasamuka. Prabu Rama,Lesmana saha Dewi Sinta badhe kaboyong menyang Ayodya.”
(Prabu Barata)

Prabu Rama      :”Inggih,kula pamit rumiyin kaleh Wibisana.Raden Wibisana, aku pamit badhe wangsul menyang Ayodya.”
Wibisana          :”Inggih, matur nuwun sanget. Mangga kula derekaken ngangge kereta kaleh Dewi Trijatha lan Sugriwa. ”
Prabu Rama     :”matur nuwun.. ayo,Raden Wibisana mangkat."
Part 12
Prabu Wbisana lan Sugriwa sesampunipun ngeteraken Prabu Rama dhateng Ayodya. Lajeng sami pamit,
wangsul ing nagarripun piyambak- piyambak. Raden Wibisana dhumateng Nagari Ngalengka,lan Sugriwa
dhumateng ing Guwa Kiskendha.

Part 13.
Prabu Rama lan Dewi Sinta urip rukun karo  keloro anake sing kembar yaiku Raden Ramabatlawa lan
Raden Kusiya utawa kasebut uga Raden Kusa lan Lava.

Daftar Pustaka.
Susetya,Wawan:2007. Ramayana.Yogyakarta:Narasi
 

No comments:

Post a Comment